اَسْتَغْفِرُ الله رَبَّ اْلبَرَ ايَا
اَ سْتَغْفِرُ الله مِنَ الْخَطَيَا
رَبِئ زِدْنِئ عِلْمًا نَا فِعَا
وَوَ فِقْنِئ عَمَلاً صَا لِحَا
يَا رَ سُوْ لَ الله سَلاَمٌ عَلَيْكَ
يَا رَ فِيْعَ الشَا نِ وَالدَّ رَجِ
عَطْفَتَا يَا جِيْرَ ةَ الْعَلَمٍ
يَا اُهَيْلَ الْجُوْدِ وَ الْكَرَ مٍ
Ngawiti Ingsun.. Ngalaras Singiran…Kelawan Muji Marang Pangeran Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan… Rino Wengine Tanpo Pitungan. 2x
Duh Bolo Konco – Prio Wanito.. Ojo Mung Ngaji Syareat Bloko.. Gur Pinter Ndongeng.. Nulis Lan Moco … Tembeh Burine.. Bakal Sengsoro. 2x
Akeh Kang Apal… Quran Hadise…Seneng Ngafirke Marang Liyane… Kafire Dewe Ga Di Ga’teke…Yen Isih Kotor Ati Akale.
Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro…Ing Pepaese Gebyare Ndunyo…Iri Lan Meri…Sugihe Tonggo…Mulo Atine Peteng Lan Nisto 2x
Ayo Sedulur Jo Nglaleake…Wajibe Ngaji Sak Pranatane…Nggo Ngandelake Iman Tauhide…Baguse Sangu Mulyo Matine 2x
Kang Aran Sholeh Bagus Atine…Kerono Mapan Sari…Ngilmune.
Laku Torekot…Lan Ma’rifate…Ugo Haqeqot-Manjing…Rasane 2x
Al-Qur’an Qodim Wahyu Minulyo. Tanpo Tinulis Iso…Di…Woco….Iku Wejangan Guru Waskito. Den Tan..Cepake…Ing Njero Dodo…2x
Kumantil Ati Lan Pikiran…Mrasuk Ing Badan Kabeh Je..Ro..An
Mukjizat Rosul Dadi Pedoman…Minongko Dalan Manjinge Iman 2x
Kelawan Alloh Kang Moho Suci…Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi. Di Tirakati Di Ri…Ya…Dlo…I. Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali. 2x
Uripe Ayem Rumongso Aman. Dununge Roso Tondo Yen Iman. Sabar Narimo Najan Pas-Pasan. Kabeh Tinakdir Saking Pangeran. 2x
Kelawan Konco- Dulur Lan Tonggo. Kang Podo Rukun Ojo Ga’ Sio Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo. Nabi Muhammad Panutan Kito. 2x
Ayo Nglakoni Sekabehane…Alloh Kang Bakal Ngangkat Drajate…Senajan Asor Toto Dhohire…Ananging Mulyo Makom Drajate. 2x
Lamon Palastro Ing Pungkasane. Ora Kesasar Roh Lan Sukmane. Den Gadang Alloh Suwargo Manggone. Utuh Mayite Ugo Ulese.
يَا رَ سُوْ لَ الله سَلاَمٌ عَلَيْكَ
يَا رَ فِيْعَ الشَا نِ وَالدَّ رَجِ
عَطْفَتَا يَا جِيْرَ ةَ الْعَلَمٍ
يَا اُهَيْلَ الْجُوْدِ وَ الْكَرَ مٍ
Selamat Datang di Blog Inovasi Pendidikan Madrasah. Blog Inovasi, Edukasi Madrasah dan Bisnis untuk kesemangatan dan kesejahteraan Guru Madrasah .
Kamis, 03 November 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Soal Asesmen Sumatif MI 2025/2026
Soal Asesmen MI 2025/2026 Tentang Fitur Pesan Soal Asesmen Sumati...
-
BAB VI PETUGAS BIMBINGAN DAN KONSELING DI SEKOLAH DAN MADRASAH DAN SYARAT-SYARATNYA A. Petugas Bimbingan dan Konseling di Sekolah dan Madra...
-
Apa itu Oyek? Oyek adalah sjenis makanan khas Jawa yang terbuat dari ketela pohon/ubi kayu/singkong.bentuk oyek adalah butiran bulat sebes...
-
STANDAR KOMPETENSI LULUSAN (SKL) STANDAR KOMPETENSI (SK) & KOMPETENSI DASAR (KD) MATA PELAJARAN: SEJARAH KEBUDAYAAN ISLAM ( SKI ) KELAS ...
1 komentar:
menarik postingannya. Trims
Posting Komentar